Monday, June 4, 2018

Teks Deskripsi Onde-onde Basa Jawa

      

      Onde-onde yaiku jajanan tradisional jawa sing iseh lestari nganti wektu iki. Panganan iki nduwe bentuk bunder sing kagawe saka glepung terigu utawa glepung ketan sing di goreng utawa di ghodog uga njobone akeh wiji wijene. Wiji wijen iku dadi salah sijine ciri khas panganan iki. Onde-onde iki nduweni rasa gurih lan cocok karo ilate wong indonesia. Teksture kenyel lan ing bagian njerone ana kacang ijone.

      Bahan kang diperluke kanggo nggawe onde-onde yaiku glepung ketan,glepung beras,gula pasir,banyu anget,uyah,vanili bubuk,wiji wijen,lan lenga goreng. Bahan kang di perluake kanggo nggawe isi onde-onde yaiku kacang ijo,uyah,gula pasir,lan vanili bubuk.

      Carane nggawe isian onde-onde  yaiku jangka pisan ngrendem kacang ijo (kupas) sajrone 4-5 jam,sakwise kui di basuh nganti resik. Jangka pindo ngedang kacang ijo mau nganti empuk. Nuli tutu lembut pas oseh panas lam nambahke gula,vanili padha ukuran onde-onde seng arep di gawe.

      Carane nggawe adonan kulit onde-onde yaiku jangka pisan glepung ketan,glepung beras,vanili lan uyah dicampur lan diaduk rata. Jangka pindho adonan mau di uleni lan lan di tambahke banyu teka sithik nganti adonan kalis pan bisa di bentuk. Jangka ketelu yaiku njupuk adonan Onde-onde sakcukupe. Nuli dipipihke mbentuk cekungan kanggo mleboke isian kacang ijo sing wis bunder. Jangka kepapat yaiku nutup cekungan mau karo mbunderke adonan sing wis di gawe kaya bola. Lakokna nganti adonan entek. Jangka kelima yaiku ndeleh onde-onde ning njero banyu adem. Jangka keenem,yaiku ngulinaake onde-onde mau ning nduwur ajang sing isine wijen nganti mrata kekabeh awak onde-onde . Jangka kepitu yaiku manaske lenga ing wajan banjur nggoreng onde-onde nggunaake geni cilik supaya ora nggawe onde-onde gosong sadurunge mateng. Jangka kewolu ngangkat onde-onde yen wis kuning keemasan,nuli tiriske,jangka terakhir yaiku nyajikke onde- onde nang piring lan siap di pangan.

      Nek digateke nggawe onde-onde kayane gampang. Ning kanggo nggawe onde-onde dadi nikmat dibutuhke gatekan khusus. Singkate,sederhana nanging di gatekan khusus. Nanging ing jaman saiki onde-onde wis jarang peminate. Wong sing biso nghawe onde-onde ugi wong tuo tuo. Mula kita para generasi muda penerus bangsa ayo lestarike jajanan onde-onde.

Anggota kelompok:
1. Agung Prasetyo R.P. (01)
2. Bagus Vieri Kusuma (05)
3. Miftah Nahdah F. (19)
4. Rahmadina (26)

No comments:

Post a Comment